-->

Kwajiban Pria Utama Mimpin kaluarga


Sampun kodrat saking gusti ingkang maha kuwaos, pria nggadahi kewajiban kedah saged mimpin wanita mliginipun garwa saha putranipun supados keluarga ingkang langkung sae. Ananging kathah pria ingkang boten mangertosi kwajibanipun saha uwal saking kabecikan wiwit saking tiyang nem ngantos tiyang sepah.

Pria ingkang nggadahi watak becik saha saged dados pempin wanita kasebat pria utama. Pria utama kedah saged dados panutan, saha ngayomi marang wanita saha putranipun, amargi kabecikan wanita menika miturut dhumateng pria ingkang mimpin mliginipun garwa utawi tiyang sepah.

Dados panutan inggih menika tindak tanduke saha budi pekertinipun langkung sae, saged maringi piwulang becik marang garwa saha putranipun. Maringi piwulang utawi wejangan menika saenipun boten namung ngendikan, ananging ngangge tuladha tindak tandukipun. Amargi nglampahipun langkung abot tinimbang ngendika.

Pria utama kedah nduweni watak ngayomi, tegesipun maringi katentreman dhumateng wanita mliginipun garwa saha keluwarganipun Mangertosi kawjiban makarya kangge nyekapi kbutuhan keluwarganipun. Sahingga wanita menika ngabekti marang pria bilih dipun openi kanthi sae ngagge watak kautaman kang becik, Wanita ngraosaken tentrem ing driya saha tansah mbutuhaken pria utama.

Pria ingkang sampun palakrama tanggunganipun boten entheng, amargi kedah saged nyukupi kebutuhan keluwarga lahir saha batin. Dados pria kedah nggadahi watak kautaman wonten kabecikan.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Kwajiban Pria Utama Mimpin kaluarga"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel