-->

Pengertian purwakanthi beserta contohnya


Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.

A.Purwakanthi swara

Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal)
Tuladha:
Gemi setiti ngati-ati
Bungah susah iku lumrah
Desa mawa cara negara mawa tata
Aku lara paling para

B.Purwakanthi sastra

Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan)
Tuladha :
Tata titi Tatas titis
Cecer cicir cewet
Kala kula kelas kalih kula kulak kalo

C.Purwakanthi basa/lumaksita

Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
Thuladha :
Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
Bayem arda, ardane ngrusak busana
Kolik priya, priyagung anjani putra

Thuladha liane:
· Urip iki ora angel,
· angele sok ginawe dhewe,
· dheweke tan ngrasa bisa,
· bisane mung nyadhong dhawuh,
· dhawuhe Kang Murba Amasesa.
· Ngelmu iku luwih pangaji,
· ajine datanpa tandhing,
· tandhingna bandha lan arta,
· arta iku gampang sirna,
· sirnane tan petung wektu,
· wektune ilang saben mangsa,
· mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.

Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. (sumber wikipedia)

Berlangganan update artikel terbaru via email:

8 Responses to "Pengertian purwakanthi beserta contohnya"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel