Apa itu Wara-wara?
Wara-wara adalalah sebuah pengumuman yng ditujukan untuk khalayak umum, berikut akan saya jelaskan seputar wara-wara dalam bahasa jawa.
ž Wara-wara duwe teges : aweh weruh ngerti, kandha-kandha marang wong liya.
ž Awit saka teges-teges kasebut mula wara-wara bisa diwenehi pangerten pratelan kang isine aweh weruh tumrap sawijiningbab, kanthi pangajab bab kasebut dimangerteni dening wong akeh
Wujude wara-wara:
ž Wara-wara lisan:wara-wara kang wujude swara, kayata swara saka: radio, TV, lan swara lagu.
Perangane Wara - Wara:
Adangiyah / alamat tujuan
Surasa basa / isi
Papan lan titi mangsa
Peprenah : asale wara – wara
Wasana basa / utawa panutup
Tapak asma
Asma terang
Tuladha (contoh) :
Assalamu’alaikum wr.wb
Wara-wara punika kulo tujokake dhumateng para bapak utawi
warga RT 1 RW VI dhukuh kadrengan, desa Joho, Kecamatan Mojolaban, Kabupaten
Karanganyar, makaten isinipun:
Kangge ndadepi dinten kamerdekaan negari republic indonesia
kaping 66 tahun kula suwun sadaya warga RT 1 RW VI wiwit samenika miwiti
resik-resik lingkungan piyambak-piyambak samangke badhe kabiji saking panitia
HUT RI.
RT badhe ngawontenaken lomba antawisipun:
Sepak bola ngange sarung kangge bapak utawi remaja
Tarik tanbang kangge bapak tuwin remaja
Masak, miru jahit, lan masang dhasi kangge ibu-ibu
Lomba badhe katindakaken:
Dinten/tanggal : minggu, 19
mei 2013
Tabuh : 07.00 ngantos rampung
Mapan
wonten : balai desa Waru
Mekaten menggah wara-wara RT 1 RW VI mugi ndadosna
kawigatosan dhumateng para warga.
Ketua RT 1 Waru
Ttd
Sabto yuli, S.Pd
Walaikum salam wr.wb
0 Response to "Apa itu Wara-wara?"
Post a Comment