-->

Geguritan pilihan


BIYUNGKU

Ing tengah-tengah ing jagad raya
Ing antarane para wanodya
Ana sawiji kang dak tresnani
Nganti ana sajroning Hyang Widhi

Mula tan angon mangsa lan wektu
Nora kendhat donga panuwunku
Supaya biyungku binarkahan
Secta dinirgakna ingkang yuswa



Ananda Putri Vilani

PAMIT
 

Aku sida mangkat saiki ibu
Ninggal pangkonanmu
Kanggo ngranggeh gegayuhanku


Sanajan bungah lan susah
Daklakoni nganthi lega banget
Aku ora nangis ibu
Dah jaluk puji pangestumu ibu


Nur Zuliyati Ulfah


ULANG TAHUN

Detik terus mlaku
Tan peduli sira sregep
Amal utawa ndeleya
Jam terus mlaku
Tan peduli sira
Waspada utawa lena
Dina terus mlaku
Tan peduli sira sregep
Ngabekti utawa duraka
Umurku tansah
Tambah ananing
Kadewasanmu ora
Mesti tambah
Amarga kadewasan
Iku butuh pangorbanan
Amarga kadewasan
Iku kehormatan
Slamet ulang tahun
Muga-muga tinambahe umurmu
Dibarengi tinambahe
Peci ke atimu
Lan mantepe
kadewasaanmu


Nurrochmah Oktavia Ningrum



KEMBANG MLATHI

Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Pahlawan
Kusuma Bangsa kan sejati
Luhku tumetes…tes…nelesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung biso melu labuh Negara
Among sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napa suci
Labuh nagari alelan deshan ati suci
Dadi pepenget Agustus iku dina mulya lan suci

Sintha Ayu Pradita

LINTANG – LINTANG

Lintang-lintang obyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawitan lintang abang lintang perang
Kapindho lintang mirunggan lintang kemaungsan
Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

Indriyani Ningrum Hidayah

Duniane katon endah pas kowe teka
Hawane ayem wektu kowe ana
Udan tangis dadi guyu nalika kowe teka
Jeneng ra ana artine
Status kanggokura penting
Seng paling penting kowe ana
Ora isoh tak bayangke
Menawa kowe lungo
Mungkin aku…
Rabakal isoh ngguyu meneh
Umpama kowe lungo saka uripku

Nur Hanifah

KASMARAN

Petheng ndedet lelimengan
Nalika mendung angemuli rembulan
Kadya petenging atiku
Kang lagi kelangan
Srengenge kang sumunan ing pojokan atiku
Srengenge iku sliramu
Katansah madangi atiku
Nangeng embuh ana ing ngendi sliramu saiki
Aku mesti bakal nggoleki
Sanajan among ana ngimpi

Septiriya Anjani

LUHING KATRESNAN

Mripatmu kembeng-kembeng
Ngampet perih ing netraku
Mendung petheng ndedhet
Gumandul ing langit ireng sap pitu
Luhing katresnan
Ngipatake jiwa kang ringkih
Nganthi bundhas tatu biru
Luhing katresnan
Nyiyutake panjang kaku
Njambak praupanku sing abnag mbranang
Ngiles tandes katresnanku
Luhing katresnan
Nyebul mlendung rasa gethingku
Nganti mledhus nuwuhake ganda amis
Tumpleg bleg ngebaki kalbu

Eni Setyawati

SUWALA

Yen dak kandha
Sliramu kejem
Mesti wae ora gelem
Nanging yen saben dina raja iki nyanding
Kaya njaba pinggeting ati
Sliramu pangan wenang
Kapara menang
Nanging opo ora kelingan
Rikala semana
Bandawasa arep ngayunake kenya jonggrang
Jonggrang, apa kang sedya
Mesti wae wes tak sembadani
Minangka tandha tresno marang sliramu
Nanging saiki
Sliramu bisa kandha
“Aku ora ana rasa tresno marang dheweke”

Sodiq R. H

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Geguritan pilihan"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel