-->

TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN (Kata Dasar dan Kata Jadian)

Sinau basa, tembung andhahan lan tembung lingga.

1. Tembung lingga (kata dasar): Sakabehing tembung kang durung owah saka asale.

Tuladha: ajar, sinau, pangan


2. Tembung andhahan (kata jadian) : tembung kang wis owah saka asale utawa tembung kang wis oleh tambahan/imbuhan/wuwuhan.

Imbuhan/tambahan/wuwuhane:

a. Ater-ater wuwuhan kang mapane ana sangarepe tembung lingga

b. Panambang wuwuhan kang mapane ana saburine tembung lingga

c. Seselan wuwuhan kang mapane ana tengahing tembung lingga
Oleh ater-ater hanuswara: m (am), n (an), ng (ang), ny (anya),

m + pangan: mangan(tembung andhahan)

n + tulis : nulis
Oleh ater-ater tripurusa: dak, kok, di

dak + pangan

kok + tulis

di + tulis
Oleh ater-ater liyane: a, ka/ke, pa, pi, pra, tar, sa, pari, kuma, kami,

kapi, ma/me, pan, pam, pang:

ke+ gawa: kegawa, pa +adu: padu, pi + weling: piweling
Oleh seselan : in, er, el, um

in + serat : sinerat

um+ bagus : gumbagus

um + kaki : kumaki/kemaki
Oleh panambang: a, e, i, en, an, ake, aken, ku, mu, ipun, ke, ane: bali + a: balia
Tembung andhahan amarga dirangkep:

– Dwi lingga (wantah): esuk-esuk

– Dwilingga salin swara: bola-bali

– Dwipurwa (purwa=wiwitan) yaiku wandane ngarep dirangkep: tulung: tutulung/tetulung

– Dwiwasana yaiku wandane mburi dirangkep: cekikik, cengenges, cengingis

– Dicambor: tembung loro didadekake siji:

Tembung camboran yaiku tembung loro kang beda dianggo bebarengan

nuwuhake teges anyar.

a). camboran wutuh: naga + sari: nagasari(jeneng panganan)

b). Camboran tugel

Camboran tugel kadadeyan saka wanda(suku kata) tembung.

Amarga lara wake mung kari lunglit(balung karo kulit).

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN (Kata Dasar dan Kata Jadian)"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel