Cangkriman
Cangkriman lan tuladhane |
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.
Wujude cangkriman :
Tuladha :
Wiwawite, lesbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge
Segara mbeldhes = sega pera, sambele pedhes
Nituk lersure = nini ngantuk diseler susure
Tuladha :
Cangkriman pepindhan utawa irib-iribaning barang
Sega sekepel dirubung tinggi (salak)
Pitik wali saba kebon (nanas)
Embokne wuda, anake tapihan (empring, bung)
Cangkriman ngemu surasa blenderan utawa plesetan
Wong wudunen sugih pari (paringisan)
Kecap sing paling enak cap ratu (ratuku)
Bakule krambil dikepruki (sing dikepruki krambile)
Cangkriman kang awujud tembang ( Y. Suwarno, 1998:201)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung,
sabamu mring sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung mutah guwaya.(jun/klenthing)
Cangkriman ukara
Tuladha :
Wit adhikih adhakah wohe = wit semangka
Wit adhakah adhikih wohe = wit ringin
Sing cedhek dikedhuki sing dhuwur diurugi = timbangan
Gladhen Cangkriman
Cangkriman ing ngisor iki apa bedhekane? Lan kalebu cangkriman sing endi, aranana!
Embokne dielus-elus, anake diidak-idak
Gajah nguntal sangkrah
Tibane ngisor sing digoleki ndhuwur
Disambung dadi cendhak
Ana awake, ana lengene, nanging tanpa sirah
Sing gawe ora nganggo, sing nganggo ora weruh, sing weruh ora gelem
Kebo bule dicencang merang
Sing cendhek dikeruki, sing dhuwur diurugi
Dikebuti malah mundhak panas
Dipenyet wudele mendelik mripate. sumber:

0 Response to "Cangkriman"
Post a Comment