-->

Contoh Pidato/Sesorah Bahasa Jawa (Peringatan Hari Kartini)




PENGETAN DINTEN KARTINI
Assalamu’alaikum Wr.Wb
            Katentreman saha karahayon mugi tansah kasarira wonten ing jiwangga panjenengan lan kula.
            Para rawuh ingkang kinurmatan, murwakani atur sumangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha kuwaos sahingga kita taksih pinaringan kasarasan lan karahayon. Satunggaling kabagyan utawi kabekjan ingkang tanpa upami bilih kula katimbalan ndherek mangayubagya pengetan dinten wiyosanipun Raden Ajeng Kartini sesarengan bapak lan ibu sadaya.
            Kathah ingkang sampun mangretos bilih Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879. Katetepaken dening pemerintah pinangka Pahlawan nasional. Ing Jaman sugengipun Raden Ajeng Kartini lare estri dados kurbaning adat. Boten gadhah wenang kangge srawung lan sinau, satemah ngasoraken derajatipun kaum wanita. Kepara wiwit yuswa 12 tahun limrahipun lare estri dipunpingit ngantos titiwanci palakrama. Ing babagan emah – emah kemawon para wanita ugi boten gadhah wenang kangge nampak , menapa malih milih. Samudayanipun kedah bangun turut. Sendika dhawuh pikajengipun tiyang sepuh.
Bapak saha Ibu ingkang tansah kinurmatan
            Ing Jaman samenika sumangga sesarengan ngudi amrih para wanita anggadhahi hak sejajar kaliyan tiyang kakung. Boten namung wanita ananging ugi kaliyan tiyang kakung ampun dados penjajah brayatipun piyambak.
            Mugi – mugi tiyang estri lan kakung sageda mlampah sesarengan ngudi tentreming brayat ingkang tundhonipun mahanani tentreming masyarakat, bangsa lan negari.
            Mbok bilih naming cekap semanten anggen kula matur mugiya dados pangertosan dhumateng kula lan panjenengan sami ugi kula nyuwun pangapunten bilih wonten klenta – klentunipun anggen kula matur.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Contoh Pidato/Sesorah Bahasa Jawa (Peringatan Hari Kartini)"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel