-->

Contoh pidato/sesorah bahasa jawa (Peringatan hari pahlawan 10 November)




PENGETAN DINTEN PAHLAWAN 10 NOVEMBER
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Bapak – bapak saha Ibu – Ibu ingkang satuhu kinurmatan
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja – puji syukur dhumteng Gusti ingkang Murbeing dumadi. Sahingga kita saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya boten wonten alangan satunggal punapa.
Kados sampun cetha bilih rikala tanggal 10 November 1945, Ing kiha Surabaya wonten prastawa perang ageng antawisipun arek – arek Surabaya ngusir penjajah ingkangg mbonceng Inggris lumarap ing tanah Jawa. Saking semangat arek – arek Surabaya menika lan kalajengaken pejuang rakyat ing daerah mriku. Sahingga damel horeging donya, ngantos PBB tumut ngengingi prastawa punika.
Bapak – bapak saha Ibu – Ibu ingkang kinurmatan
Kathah pejuang ingkang ndhepani bantala mbela bangsa lan negara. Mila kangge mengeti pahlawan ingkang sampun gugur kita tansah merangi kemlaratan lan kebodohan tumrap bangsa Indoneasia.
Mugi – mugi Pahlawan ingkang sampun gugur, amal lan kesaenanipun katampi dening Gusti ugi bangsa Indonesia sageda dados negara ingkang makmur lan kacekapan.
Kula cekapi semanten anggen kula matur, bilih wonten kathah kalepatan ing atur mawantu – wantu nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamua’laikum Wr. Wb.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Contoh pidato/sesorah bahasa jawa (Peringatan hari pahlawan 10 November)"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel