Kwajiban Pria Utama Mimpin kaluarga
Sampun kodrat saking gusti ingkang maha kuwaos, pria nggadahi kewajiban kedah saged mimpin wanita mliginipun garwa saha putranipun supados keluarga ingkang langkung sae. Ananging kathah pria ingkang boten mangertosi kwajibanipun saha uwal saking kabecikan wiwit saking tiyang nem ngantos tiyang sepah.
Baca Juga
Pria utama kedah nduweni watak ngayomi, tegesipun maringi katentreman dhumateng wanita mliginipun garwa saha keluwarganipun Mangertosi kawjiban makarya kangge nyekapi kbutuhan keluwarganipun. Sahingga wanita menika ngabekti marang pria bilih dipun openi kanthi sae ngagge watak kautaman kang becik, Wanita ngraosaken tentrem ing driya saha tansah mbutuhaken pria utama.
Pria ingkang sampun palakrama tanggunganipun boten entheng, amargi kedah saged nyukupi kebutuhan keluwarga lahir saha batin. Dados pria kedah nggadahi watak kautaman wonten kabecikan.
0 Response to "Kwajiban Pria Utama Mimpin kaluarga"
Post a Comment