-->

Purwakanthi

gandhengan swara
Purwakanthi asale saka tembung :

· Purwa : Wiwitan / ngarep

· Kanthi : Gandheng

Dadi purwakanthi yaiku gandhengan swara / basa / aksara tembung sing ngarep karo tembung sing mburi.

Purwakanthi kebagi dadi 3 yaiku :

1. Purwakanthi guru swara yaiku gandhenge swara tembung sing ngarep karo tembung sing mburi.

Tuladha :

- Ana awan ana pangan

- Putri – putri

- Ireng – ireng njenges

- Becik kethithik

- Ala ketara

2. Purwakanthi guru sastra / aksara : Sing rujuk / pada aksarane / konsonan.

Tuladha :

- Kala, kula, kelas, kalih, kalung, kula, kalih

- Slaman, slumun, slamet

- Adigang, adigung, adiguna

3. Purwakanthi guru basa / lumaksita : Sing rujuk / pada pungkasane / akhir gatra ngarep karo angkatane gatra mburi.

Tuladha :

- Kolik priya, priyagung anjani putra

- Mung ing tirta, tirta kandheng ing samodra

Berlangganan update artikel terbaru via email:

1 Response to "Purwakanthi"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel