-->

Rura Basa

Rura basa = tembung salah kaprah.

Rura basa asalae saka tembung rura lan basa.
Rura tegese rusak.
            Dadi rura basa tegese basa sung rusak, basa sing salah, nanging malah wis kaprah. Dadi sejatine rura asa iku basa sing salah, nanging wis dianggap lumrah, yen dibenerake malah salah / ora lumrah.
Tuladhane :
             a.      Nggodhog wedang, benere nggodhog banyu supaya dadi wedang.
             b.      Nguleg sambel, benere ngulek lombok, uyah, lan trasi digawe sambel.
             c.      Negor gedhang, benere negor wit gedang.

Wacan ing ngisor iki sing kalebu Rura Basa iku sing di garis bawahi lan diwarna abang!!
           
            Dina Minggu ing umah ku rame banget. Mas lan mbak saka Surabaya padha teka kabeh. Mulane ibu adang sega lan nggodhog wedangrada akeh. Amarga ibu arep kelan lhodeh lan netel jadah. Mas Iwan di utus ibu menek klapa. Banjur Mbak Wati ngrewangi ibu ngulek sambel lan ngirisi dhendheng.
            Aku seneng banget amarga ing omahku rame, ora sepi kaya biasane. Aku ora nulungi ibu masak amarga diutus njaga ponakan ku sing isih cilik. Aku dolanan ing mburi omah, ndelok tanggaku Mbah Pariyo sing lagi nglinthing rokok mbarengi Mbah Sanah sing lagi ngenam klasa.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

2 Responses to "Rura Basa"

  1. kula rumaos bingah wonten blog utawi website ingkang mbahas lan posting - nyerat - boso jawi.
    lha kula mawon ingkang ngaku tiyang jawi manawi nulis lan ngomong mawon mboten saged ingkang pas. ngoko campur kromo. Punapa malih kula tiyang jawi sebelah kilen (tiyang Penginyongan/Banyumas lsp).
    Matur nuwun.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Matur nuwun, sugeng rawuh mas Ranu. Niki namung seneng nulis mas. Yen mboten ditulis ilmune ical...

      Delete

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel